21 oktober

TB Alliance kanthi Dhukungan Republik Korea Ngumumake Inisiatif kanggo Ngambakake Adopsi lan Paningkatan Perawatan sing Luwih Apik kanggo Tuberkulosis (TB) sing Resistan Obat

 

LIFT-TB bakal ningkatake angka panuntasan pangobatan tumrap TB sing resistan obat, kanthi fokus ing pitung negara ing Asia Kidul Kulon lan Asia Tengah sing nanggung kira-kira 1 saka 5 kasus TB

PRETORIA (21 Oktober 2020)—TB Alliance wis ngumumake inisiatif kanggo ngambakake adopsi lan paningkatan rejimen perawatan sing luwih apik tumrap tuberkulosis (TB). Inisiatif iki, sing dikenal minangka LIFT-TB (Leveraging Innovation for Faster Treatment of Tuberculosis/Ningkatake Inovasi kanggo Perawatan Tuberkulosis Kanthi Luwih Cepet), uga bakal ngupayakake cara kanggo ningkatake angka panuntasan pangobatan kanggo bentuk TB sing resistan obat ing sawetara negara sing paling kena dhampak dening bentuk TB iki ing kawasan Asia Kidul Kulon dan Asia Tengah, yaiku Indonesia, Myanmar, Filipina, Vietnam, Kyrgyzstan, Ukraina, lan Uzbekistan.

“Durung suwe iki kita nyeksekake momentum sing ngedab-edabi kanggo nglawan sawetara bentuk TB sing paling resistan obat,” ujare Sandeep Juneja, SVP Market Access ing TB Alliance. “Wektu iki, kita semangat anggone mbantu nyiptakake dhampak kanthi mesthekake menawa rejimen anyar kanggo pangobatan TB wis sumadhiya kanthi luas kanggo pihak-pihak sing paling mbutuhake.”

Proyek sing wis mlaku limang taun iki mbutuhake komitmen dana gabungan kira-kira US$10,5 yuta dening TB Alliance lan Republik Korea, liwat Dana Pemberantasan Penyakit Global (GDEF), ing pitung negara sing ditargetake. Proyek iki tujuane kanggo nylametake nyawa lan panggaotane pasien TB, kulawargane, lan masyarakat kanthi menehi bantuan teknis kanggo menehi fasilitas adopsi lan paningkatan rejimen pangobatan TB sing luwih apik, sarta ngurangi beban sistem kasehatan lan epidemiologi tuberkulosis sing resistan obat. Salah sijine sasaran proyek iki yaiku bakal ndhukung diwiwitine panelitian operasi sing gasik tumrap panggunaan rejimen BPaL, kanthi obat sing diombe, sajrone enem sasi kaya sing direncanakake negara-negara sing partisipasi, lan kaya sing disaranake WHO wektu iki.

Proyek iki bakal dileksanakake kanthi kemitraan karo Pusat Riset Tuberkulosis Internasional (ITRC), sing dumunung ing Korea, kolaborator utama TB Alliance kanggo proyek iki. Proyek iki bakal ngandelake bantuan teknis saka mitra internasional lan nasional liyane, kalebu Yayasan Tuberkulosis KNCV.

“ITRC nduwe tekad ngembangake, ningkatake, lan nyebarake teknologi diagnostik sing kanthi cepet lan akurat bisa ngenali bakteri sing resistan obat. Kita semangat anggone ngewangi LIFT-TB lan nyumbangake keahlian ing diagnosis TB supaya pangenalan lan paningkatan pangobatan TB sing luwih apik iki bisa kasil,” ujare Dr. Sun Dae Song, Ketua Dewan ITRC.

Proyek iki bakal menehi fasilitas akses menyang rejimen pangobatan anyar kanggo bentuk TB sing resistan obat, diwiwiti kanthi pangobatan kombinasi antarane bedakuilina, pretomanida, lan linezolida, sing bebarengan disebut minangka rejimen BPaL. Rejimen iki disinau sajrone uji coba penting Nix-TB dening TB Alliance, sing nuduhake asil sing apik ing 90% pasien, kaya dene sing diterbitake ing New England Journal of Medicine edisi 5 Maret 2020.1 Pretomanida, entitas kimia anyar sing dikembangake dening TB Alliance minangka bagian saka BPaL, saiki wis nampa otorisasi pamasaran saka Badan Pengawasan Obat dan Makanan AS, Komisi Eropa, lan Jenderal Pengawas Obat India. Entitas iki wis disetujoni minangka formulasi tablet oral minangka bagian dari rejimen BPal, kanggo pangobatan pasien diwasa kanthi TB yang resistan obat sacara ekstensif (XDR-TB), utawa nandhang TB paru sing resistan obat akeh (MDR-TB), sing ora toleran utawa ora responsif tumrap pangobatan.

Ing taun 2019, kira-kira ana 10 yuta wong nandhang TB sak donya, 62% ing antarane manggon ing kawasan Pasifik Kidul Kulon lan Kulon.2 Sanajan pitung negara target ing proyek iki mung nyakup 8% saka populasi global, negara-negara kasebut nyumbang 12,5% saka kedadean TB sing resistan obat ing sak donya, lan mung siji saka telung pasien panandhang TB sing dirawat.2

Babagan TB
TB kuwi panyakit nular sing bisa nyebar saka wong siji menyang sijine liwat hawa. TB, ing samubarang bentuk, kudu diobati kanthi kombinasi obat; bentuk TB sing paling resistan mbutuhake pangobatan enem sasi suwene nggunakake patang obat anti TB.3 Pangobatan XDR-TB utawa MDR-TB sing ora toleran/ora responsif tumrap pangobatan sacara historis wis kedadeyan nganti suwe lan kompleks; meh kabeh pasien XDR-TB diobati nganggo kombinasi wolung antibiotik, sawetara liyane nambahake suntikan padinan, sajrone 18 sasi utawa luwih.3 Data Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) nuduhake angka kasile pangobatan kira-kira 39 persen kanggo XDR-TB4 lan 57 persen kanggo MDR-TB.2

Babagan TB Alliance
TB Alliance kuwi organisasi nirlaba sing dikhususake kanggo nemokake rejimen obat sing efeke luwih cepet lan regane kajangko kanggo nglawan TB. Nggunakake sains sing inovatif lan kanthi mitra ana ing sak donya, kita nduwe tujuan mesthekake akses sing adil marang pangobatan TB sing luwih cepet lan luwih apik sing bakal nggawe majune kasehatan dan kamakmuran global. TB Alliance makarya kanthi dhukungan saka Departemen Luar Negeri dan Perdagangan Australia, Bill & Melinda Gates Foundation, Kementerian Pendidikan dan Riset Federal Jerman liwat KfW, Global Health Innovative Technology Fund, Dana Kesehatan Indonesia, Bantuan Irlandia, Badan Kerjasama Internasional Korea (KOICA), Medical Research Council (Inggris), National Institute of Allergy and Infectious Diseases, Kementerian Luar Negeri Walanda, Kementerian Luar Negeri (MOFA) Republik Korea, Departemen Pembangunan Internasional, Inggris, Departemen Kesehatan Inggris, lan Badan Pembangunan Internasional Amerika Serikat.

Babagan GDEF
Dana Pemberantasan Penyakit Global Pemerintah Republik Korea adhedhasar sistem retribusi solidaritas tiket montor mabur sing ngenakan retribusi KRW 1.000 marang penumpang sing mangkat saka bandara ing Korea, kanthi tujuan nyegah lan ngendhaleni panyakit nular ing negara berkembang. GDEF memitran karo macem-macem pihak kanggo ngembangake, nguji, lan ngirimake maneka produk inovatif kanggo merangi panyakit nular ing sak donya. Kementerian Luar Negeri mercayakake Badan Kerjasama Internasional Korea (KOICA) kanggo ngoperasekake lan ngelola GDEF.

Babagan KOICA
Badan Kerjasama Internasional Korea (KOICA) ana ing sangisore Kementerian Luar Negeri (MOFA), aweh kontribusi marang kamajuan kerjasama internasional liwat maneka proyek sing mbangun ubungan kekancan lan kolaboratif sarta ijol-ijolan timbal balik antarane Korea lan negara-negara berkembang, uga ndhukung pambangunan ekonomi lan sosial ing negara berkembang, minangka pangarsa badan kerja sama pambangungan ing KOREA.

Kontak:
TB Alliance
Thomas Lynch
646.616.8639
Email: communications@tballiance.org


  1. Conradie F, et al. Bedakuilina, pretomanida, lan linezolida kanggo pangobatan tuberkulosis paru kanthi resistansi sing ekstensif tumrap obat, ora toleran utawa ora responsif tumrap pirang-pirang obat. N Eng J Med 2020;382:893-902.

  2. Organisasi Kesehatan Dunia (WHO). Lapuran TB Global 2020 Sumadhiya ing: https://apps.who.int/iris/bitstream/handle/10665/336069/9789240013131-eng.pdf

  3. Ulasan Babagan Resistensi Antimikroba. Nanggulangi Infeksi sing Resistan Obat ing Sak Donya. Mei 2016. Sumadhiya ing: https://amr-review.org/sites/default/files/160518_Final%20paper_with%20cover.pdf

  4. Organisasi Kesehatan Dunia (WHO). Lapuran TB Global 2019 Sumadhiya ing: https://apps.who.int/iris/bitstream/handle/10665/329368/9789241565714-eng.pdf?ua=1